Guguritan Langit
Antêbing langit kadya mega umabul Siniratan ing biru mega lumaku Tanpa sinusu-susu wêkasipun Amadhêt umangsu ing kawruh sagung Tumurun kang tirta saking ruhur Kang cinandhêt langse putih biru Tinarbuka kampuh arumipun Amligi umili manah sarupinipun Mlathi godhong arum rinoñce Linuhur ing ganda sarine Umulat ing anoming pare Asubur makmur sakabehane Anglir mêndhung rinupa Inapit sami ing talumarga Pêksi mayar gêndhing manyura Sinêratan ing Hyanggusti Mahakwasa