Ing Sawijining Papan Ing Wêktu

Ing sawijining papan ing wêktu
Dening David


Tritising udan umili
Kayata atiku kang atangi
Apa ta kang lumaku jêroning atimu
Kaya dene lintang kang dumadi gagayuhanku
Kaya ta amêgat ing pasamuwan
Owah gingsir tangining samudra
Sukma lumipir anyawang wulan lan umesêm
Ananging cita iki ora bisa alêrêm
Lalakuning trêsna ora bisa umanut ahangkara
Ananging aweneh ing bawa ati manah
Ing sawijining papan tamtu
Ing sajêmbare wêktu lumaku
Alere-lere atiku asambat
Alere-lere ati iki kapêgat
Kang wis dumadi lalakon 
Kang angêntasi laku lan pangkon
Ora namung saliraku
Ora sawatês saliraku
Ananging awakdhewe kaloron kang lumaku
Ing sajêroning wêktu



Gambar:
Sloretan Plipiraning Pawedangan ing Wayah Wêngi dening Van Gokh (File:Vincent van Gogh (1853-1890) Caféterras bij nacht (place du Forum) Kröller-Müller Museum Otterlo 23-8-2016 13-35-40.JPG)

Comments

Popular posts from this blog

Iloning Pangilon

Sastra ing Nippon