Iloning Pangilon

Iloning Pangilon
Dening David


Srêngenge kang apanas angênthang-ênthang amarahi kulit kobong. Kaya mayasawang kang tumurun saka langit ing sadhuwuring bumi, maana bocah lanang kang anyawang tlaga abêning ing satêngahing sagarawêdhi.

"Maana banyu!" obahing lambene.

Bocah kang kalunta-lunta iku mau banjur lumaku mênyang tlaga iku mau. Tlaga kang arêsik lan abêning kaya-kayaa kaca pangilon kang kagêlar ing salumahing bumi.

"Langit!" unine
"Langit awujud biru kang kagêlar ing dhuwur."

Banjur, maana sabangsa manuk kang umabur ing sadhuwuring awang-awang. Manuk awarna putih kang umabur dhuwur kayata ora maana kang angaling-alingi.

"Maana manuk!" unine
"Ora kaya awakku, manuk iku bisa umabur lan angliwati sagara wêdhi iki kanthi luwih acêpêt saka awang-awang,"

Dina, kang agingsir dumadi sore iku mau banjur agawe bocah lanang iku mau akêsêl sambi aklekaran. Dheweke durung kapengin kanggo alunga saka kono. Tlaga kang ing kono agawe papan kang maadhêm lan kapenak kanggo urip tinimbang lumaku ing satêngahing sagara wêdhi kang ora maana apa-apane.

Nalika srêngenge wis ameh asurup, maana wong lanang kang anumpak unta kang atêka saka laladan sisih lor. Wong lanang mau banjur mauluk wilujêng marang dheweke.

"Wilujêng bocah anom!"
"Wilujêng ugi Pak!" sauring bocah mau.

Nalika wong lanang mau anjupuk banyu kanggo ombe, bocah lanang iku anyawang barang-barang dodolane kang maana ing sadhuwuring wêdhi ing sacêdhaking unta. Barang-barang iku awujud lêning lan kaca warna kang maneka jinise.

"Wah!" unining bocah iku.
"Kaca apa wae iki kok nganti agilap-gilap kaya mangkene."

Tangane anyêkêpi kaca lan lêning mau karo diilingi dening mripate. Lambene umesêm-mesêm kaya-kayaa agumun anggone anyawang barang kaya mangkono. 

Wong lanang kang anjupuk ombe mau banjur alingguh sajejere lan ajagongan karo dheweke.

"Kuwi lêning saka laladan Lor." unine.
"Ing kono akeh pandhe kaca lan pandhe lêning kang agawe rêrênggan kanggo wong utawa omah."
"Wah. Pañjênêngan apintêr sangêd kok ngantos sagêd anêmu barang kang kados makatên punika." sauring bocah mau.

Wong lanang mau bañjur gumuyu. Lan dheweke bañjur anata barang-barange maneh supaya ora pating blengkrah. Lan nalika dheweke isih atata-tata mau, bocah lanang iku anyawang maana kaca siji kang apêcah.

"Pak! Punika wontên kaca satunggal ingkang sampun apêcah!" unine.

"Wah. Iya iki, kacane apêcah nalika aku amangan ing warung ing laladan Lor," sauring wong lanang iku.

"Wah, eman-eman nggih. Cobi kula sawangipun," unining bocah iku.

Wêngi-wêngi kanthi cahyaning tintir. Dheweke anyawang kaca pangilon kang apêcah mau. Diiling-illingi katon iloning rai, mripat, irung, lan lambene siji baka siji ana ing kaca iku. Cahya tintir kang amêlik-mêlik anambah endahing ilon kang ana ing kaca pangilon mau. Samsaya asuwe, samaya dheweke angêlak lan kapengin angombe.

"Aku dak angombe dhisik. Aku wis angêlak," unine.

Nalika ana ing tlaga mau sambi angombe dheweke anyawang raine maneh maana ing sadhuwuring banyu tlaga. Kaya-kayaa, dheweke anyawang maneh apa kang ing kaca pangilon mau. Banjur dheweke kapikiran.

"Yen aku anggawa kaca pangilon iki sambi ing sisihing tlaga, apa kang bakal dumadi ing banyu kono?" unine

Dheweke anyawang manêngên karo anyawang tlaga sambi tangane anggawa kaca pangilon kang diênêrake saka lawan sisihing tlaga. Dheweke banjur anyawang iloning pangilon mau kang saka kaca mênyang banyu tlaga. Diobah-obahake, apa kang saka kaca mau bisa kailon mênyang banyu mau. Dheweke banjur agumun lan umesêm-esêm.

Nalika dheweke bali mênyang panggon wiwitane mau, wong lanang mau kang aklekaran sambi angetung dhuwit bathining dodolan atakon marang dheweke.

"Kowe kok katon asênêng adolanan ana ing sapinggiring tlaga?" takone

"Inggih Pak, kula bibar anêmu barang kang anggumunakên," sauring bocah iku.

"Apa iku?" takone kapengin angrêti.

"Kalawau siyang, kula anyawang ing tlaga. Langit lan manuk katon saking mriku, saking ilo ing tlaga. Banjur, ing mriki wau kula adolanan kalihan kaca pangilon kang apêcah. Iloning rai kula lan cahyaning tintir saged lumebêt lan kapunsawang saking mriku. Lan nalika kula anjupuk unjukan dhatêng tlaga, kula anyawang manawi iloning kaca pangilon wau sagêd lumêbêt ing sadhuwuring toya tlaga," jlentrehing bocah iku.

"Iloning kaca ing banyu ya. Banjur, apa maneh kang bisa kok angrêteni saka kadadeyan iku kabeh mau?" takone wong lanang iku.

"Kula anggalih, manawi donya punika kadosta paningal. Saged dipunsawang saha akathah caratingalipun. Barang apa kang kapuntingal saha kapunilokakên marang priyambakipun sabên tiyang sagêd dipunilokakên kemalih marang tiyang sanesipun. Punika, ilonipun pangilon," unining bocah iku.

"Pancen abênêr têmoning pikirmu mau. Manungsa iku ora namunhlg barang kang umandhêg. Ananging, apa kang kasawang kan dirêteni bisa kabablasake marang wong liya maneh. Saka pocapaning awakedhewe utawa patraping awakedhewe. Iku kabeh kasunyatan," sauring wong lanang iku.

Dina samsaya umundhak esuk. Lan nalika wis raina, bocah lanang mau banjur anunut wong lanang iku mau mênyang kutha lan amêtu saka sagarawêdhi kono mau.

Kapungkas.

Comments

Popular posts from this blog

Sastra ing Nippon