Iloning Pangilon
Iloning Pangilon Dening David Srêngenge kang apanas angênthang-ênthang amarahi kulit kobong. Kaya mayasawang kang tumurun saka langit ing sadhuwuring bumi, maana bocah lanang kang anyawang tlaga abêning ing satêngahing sagarawêdhi. "Maana banyu!" obahing lambene. Bocah kang kalunta-lunta iku mau banjur lumaku mênyang tlaga iku mau. Tlaga kang arêsik lan abêning kaya-kayaa kaca pangilon kang kagêlar ing salumahing bumi. "Langit!" unine "Langit awujud biru kang kagêlar ing dhuwur." Banjur, maana sabangsa manuk kang umabur ing sadhuwuring awang-awang. Manuk awarna putih kang umabur dhuwur kayata ora maana kang angaling-alingi. "Maana manuk!" unine "Ora kaya awakku, manuk iku bisa umabur lan angliwati sagara wêdhi iki kanthi luwih acêpêt saka awang-awang," Dina, kang agingsir dumadi sore iku mau banjur agawe bocah lanang iku mau akêsêl sambi aklekaran. Dheweke durung kapengin kanggo alunga saka kono. Tlaga kang ing kono agawe pa...
Comments
Post a Comment