Guguritan Langit
Antêbing langit kadya mega umabul
Siniratan ing biru mega lumaku
Tanpa sinusu-susu wêkasipun
Amadhêt umangsu ing kawruh sagung
Tumurun kang tirta saking ruhur
Kang cinandhêt langse putih biru
Tinarbuka kampuh arumipun
Amligi umili manah sarupinipun
Mlathi godhong arum rinoñce
Linuhur ing ganda sarine
Umulat ing anoming pare
Asubur makmur sakabehane
Anglir mêndhung rinupa
Inapit sami ing talumarga
Pêksi mayar gêndhing manyura
Sinêratan ing Hyanggusti Mahakwasa
Comments
Post a Comment